Home » » contoh MC atau pembawa Acara

contoh MC atau pembawa Acara


oleh Cholies Jepara
Assalaamu’alaikum WR.WB

Engkang kito hormati panjenenganipun
Bp.Kepala Madrasah MI.Miftahul Huda
Bp. / Ibu Guru MI. Miftahul Huda
 lan sedoyo rencang - rencang Alumni Mi.Miftahul Huda Tegalsambi tahun 2009/2010 ingkang berbahagia

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing majlis Ikatan Alumni MI.Miftahul Huda  puniko.

Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Rosululloh SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah.

Sakderengipun acoro dipun milahi, Kulo bade maosakaen runtutaning acoro puniko

Sepindah PAMBUKO
Kapeng kalihipun Waosan Tahlil
Kapeng Tigo sambutan-sambutan
Kapeng sekawan Mauidloh Hasanah
Kapeng akhir panutup

Bapak Ibu Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, monggo acoro ing wekdal puniko kito bikak sesarengan kanti waosan UMMUL KITAB AL- FATIKHAH ….



Adicoro ingkang kaping kalih inggih menika wausan TAHLIL ingkang dipun pimpin sederek ……................. ( Nama Petugas )
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acoro sak lajengipun inggih puniko Sambutan-Sambutan                   
1.      Engkang sepindah sangking Ketua Panitia Dumateng…………………( Nama Petugas)…kito            sumanggaken…
2.      Sambutan ingkang kaping kalih saking Bpk. Drs. Yusro, S.Pd selaku kepala madrasah MI.MIFTAHUL HUDA  .Wekdalsaha panggenan kula sumanggaaken.
Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Yusro
Adi coro ingkang kaping sekawan mauidloh Hasanah. Dumateng sederek …………( Nama Petugas) wekdal saha panggenan kawulo sumanggaaken.
Hadirin/Hadhirot Rokhimakumulloh, mekaten wau adicoro demi adicoro ingkang sampun kito laksanaaken. Mugi-mugio adicoro kita menika dadeaken kito tambah erat anggene silaturahmi .amin Allahumma Amin.

Sak derengipun acoro ing wekdal puniko kito tutup, kulo ing mriki sak dangunipun ndereaken acoro puniko kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.

Monggo acoro ing wekdal puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID ..
Wassalaamu’Alaikum WR-WB

Thanks for reading & sharing Mukholis

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment