Home » » SOAL BAHASA JAWA SEKOLAH DASAR MADRASAH IBTIDAIYAH

SOAL BAHASA JAWA SEKOLAH DASAR MADRASAH IBTIDAIYAH


MATA PELAJARAN   : BAHASA JAWA
KELAS                       : VI ( ENAM )

BADMINTON
            Kaya padhatan yen dina minggu sore, Yupi, Madun, Fikri,lan Ayik padha latihan badminton ing aula sekolahan.Bocah papat mau pancen seneng olah raga Badminton, mula ora maido yen awake sehat – sehat. Latihan diwiwiti jam papat sore. Kabeh wis naganggo seragam olah raga. Sore kuwi, bocah – bocah padha semangat anggone latihan. Jurus – Jurus sing di wulangake pak kolis bias ditiru kanthi gampang.

            Ahmadun salah sijine pemain sing wis melu tanding porseni tingkata Kabupaten Tunggal putra. Fikri lan Ayik namung bias melu tanding tingkat Kecamatan ganda putra. Kabeh mau perlu di syukuri amarga olahraga iku bias dadeake awak sehat lan bisa ningkatake prestasi.

I.              Wenehana tanda silang ( X ) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe andharan sing bener !
1. Olahraga kuwi bias kanggo jaga……
a.    Keresikan
b.    Kesehatan
c.    Keimanan
d.    Keraketan
2.    Apa irah – irahane wacan ing nduwur…….
a.    Karate
b.     Bal – balan
c.    Futsal
d.    Badminton
3.    Yupi, Madun, Fikri, lan Ayik latihane dina apa?
a.    Jum’at sore
b.    Sabtu esuk
c.    Minggu sore
d.    Minggu esuk
4.    Latihan Badminton di wiwiti jam piro?
a.    Papat sore
b.    Limo sore
c.    Telu sore
d.    Enem sore
5.    Sapa sing wis melu tanding porseni tingkat Kabupaten?
a.     Ayik
b.    Fikri
c.    Yupi
d.    Ahmadun
6.    Aku ora kelingan nek sesuk ana lomba. Tembung ora kelingan tegese……
a.    Kelingan
b.    Elinga
c.    Lali
d.    Ora weruh
7.    Layang wis ….. marang pak guru.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg – ceceg ing dhuwur, yaiku………
a.    Diaturake
b.    Diwenehake
c.    Dielungake
d.    Diserahake

TRADISI SAPARAN YAQOWIYU

      Tradisi sasi Sapar, ing tlatah jawa tekan saiki isih terus dipepetri lan dilestareake. Kaya tradisi Saparan Yaqowiyu ing Klaten.

      Miturut crita sing wis turun temurun, sejarahe anane tradisi Saparan Yaqowiyu iku ora bisa dipisahake karo Ki Ageng Gribig utawa Syeh Wasibango. Panjenengan tekun nindaake ibadah, panjenengan uga cikal bakal ing Jatinom.

      Sawijining dina Ki Ageng Gribig kondor saka tanah suci Makkah, Panjenengane ngasta apem mung telung iji, Apem yagowiyu” sing di ngendikakake wau uduweni teges”Gusti Allah nyuwun kiyat” 

Amergo telung iji, apem iki ora roto di dum. Sabanjure kiageng gribig dhawuh supoyo  gawe apem maneh saengga putra wayah bisa keduman.

Ya wiwit kuwi, angger ngepasi tengah tengahe wulan sapar tiba dino jumuwah, di wiwiti sedekah gawe apem. Sawise di dongani. Apem iki disebar kanggo rebutan ewonan warga masyarakat.

8.   Ana ngendi trdisi saparan yagowiyu dianakake?
a.   Jepara
b.   Klaten
c.   Jogya
d.   Demak
9.   Ki ageng Gribik jejuluk……
a.   Syeh maulana
b.   Syeh jangkung
c.   Syeh qodir
d.   Syeh wasibango
10.            Ki ageng gribik kundur sangking makkah ngasto apem piro?
a.   Telung iji
b.   Patang iji
c.   Limang iji
d.   Enem iji
11.            NANDUR PALAWIJA

Nalika sasi Agustus para among tani bubar panen gadhu. Sawahe pak Hasan klebu sawah tadhah udan. Dadi manawa wis bubar sasi Agustus ora bakal oleh oncoran banyu udan. Mula saka iku sawah tadhah udan iku yen wes bubar panen gadhu banjur ditanduri palawija. Tanduran palawija iku jinise warna-warna, kayata jagung, pohung, telo, kacang ijo, wijen, kacang brol, lan kedhelai.

          Kaya wis dadi pekulinan, saben bubar panen gadhu, Pak Hasan lan among tani liyane pada grengseng nandur kedhele. Panandure kedhele ing sawah tadhah udan iku gampang. Ora kaya yen arep nandur ana ing tegalan.

                   Lemah kanga rep ditandhuri kedhele , di taju nganggo kayu kang dilincipi pucuke . jerone watara 5cm. kedhele banjur diulurke, dicemplungaken ing papan kang wis ditaju mau. Lete ora perlu kerep-kerep lan ora perlu arang-arang . cukup manut ana ing sela-selaning tunggakan dami, udakara 18 cm 

Wacan ing dhuwur kapetik saka…
a.   Seneng basa jawa 6
b.     Sinau basa jawa 6
c.   Kulima basa jawa 6
d.   Nguru-uri basa jawa 6
12.  Pak Hasan panen gadhu wulan apa?
  1. a.    Wulan juli 
  2. b.    Wulan agustus
  3. c.    Wulan September
  4. d.    Wulan oktober
13.  Sawah tadah udan iku banyune saka?
a.    Banyu udan
b.    Banyu kali
c.    Banyu sumber
d.    Banyu segara
14.  Tanduran palawija iku wernane?
a.    Klapa
b.    Jagung
c.    Gedhang
d.    Duren
15.  Saben bubar panen gadhu,pak Hasan lan among tani grengseng nandur apa?
a.    Wijen
b.    Jagung
c.    Tela
d.    Kedhele
16.  Bapak guru sampun kesah sekolah. Tembung kesah basa kramane……..
a.    Lunga
b.     Kesah
c.    Tindak
d.    Medal
17.  Kedhele iku bahan baku……….
a.    Sega
b.    Tahu
c.    Roti
d.    Gethuk
18.  Tanduran sing diarani pala kependhem yaiku……
a.    Tela,pahung
b.    Jagung,Lombok
c.    Gedhang,klopo
d.    Kates,pelem
19.  Masyarakat ing desa pegaweane biasane yaiku…….
a.    Pengusaha
b.    Dagang
c.    Tani
d.    Pegawai
20.  Sing kagolong hasil tetanen yaiku……
a.    Plastic
b.    Kertas
c.    Kaca
d.    Pari
II.            Ceceg – ceceg ing ukara ngisor iki isenana nganggo tembung kang bener !
1.    Mbah mangga nedha rumiyen.
Tembung nedha karma inggile……
2.    …… regane buku iki?
Tembung kang trep kanggo ngiseni ukara pitakon ing dhuwur yaiku……
3.    Layang ulem iki di tulis ing semarang tanggal 15 Januari 2012 panulisane titi mangsane layang kang bener, yaiku…….
4.    Semar, gareng, petruk, lan bagong diarani………
5.    “ Raden Janaka” yen ditulis aksara jawa…….
6.    “ Bapak maos buku “ gantinen ukara tanggap.!
7.    “Apa kowe wingi nonton bal – balan?”
Gantinen nganggo basa karma.!
8.    Yen mangsa rendheng akeh banyu, nanging yen mangsa …..  banyu kurang.
9.    Hp ( Handphone) iku salah siji alat kanggo…….
10.  Tembang macapat cacahe ana pira?
III.           Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki.
1.    Gaweo ukara tanggap.
a.    Nyapu
b.     Nulis
2.    Tulisen nganggo aksara jawa,” wereng abang “
3.    Gawenen basa karma “ kowe iki arep lunga endi ?”
4.    Sebutna jenenge kewan sing sering dadi lakoning dongeng!
5.    Sedulure pandawa sing kembar jenenge……….      
    



                                         

Thanks for reading & sharing Mukholis

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment